-->
Iklan
thumbnail

Analisis Cerkak "Emoh Nang Malaysia"

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Thursday, November 15, 2012

Analisis Lokusi, Ilokusi, dan Perlokusi Saking Cerkak Emoh Nang Malaysia, Anggitanipun Bambang Sukmadji

Terus bae watuke ngikil, tapi ora mandeg Man Kasan nyuled mbako Boyolali lintingane. Tangane sing isih kuat, kulite sing wis rada ireng, terus bae nyekel papir sing kemebul nyenggrak. Tapi Man Kasan ora peduli, rasane tambah wengi tambah nikmat, apa maning wayahe ketiga, semripit angin kumbang ngiliri awake sing esih katon gagah, senadyan umur pan setengah abad.
Tuturan ing nginggil kalebet lokusi, amargi namung paring informasi kemawon babagan kahananipun Man Kasan minangka pemeran utama (narator).
“Primen kang! uripe awake dewek, apa terus terusan pan kaya kiye?“ omongan Yu Sinah bojone mau sore terus bae ngisi atine sing lagi bingung. Pancen Man Kasan ora tau keder ngadepi penguripan kiye. Nanging pancen penguripan saiki beda adoh karo penguripan jaman gemiyen, waktu deweke dadi tukang batu bar lulusan SD. Deweke ya pernah merantau nang Jakarta ngewangi bulike asah asah nang Warteg. Wektu kuwe ya urip rasane ora angel, senadyan Man Kasan cuma nduwe ijasah SD. Sepisan maning Man Kasan mbatin, apa sing salah nang jaman saiki.
Tuturan ing nginggil kalebet lokusi lan ilokusi. Kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon babagan tokoh Man Kasan ingang kemutan ngendikanipun garwanipun ingkang ngudharasa babagan kahuripan ingkang saya dangu san saya rekaos. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika awujud pitakenan ingkang mbetahaken wangsulan saking mitra tutur.
“Apa jamane sing salah, apa manusia wis akeh dosane? Apa Gusti Allah wis ora tresna maning karo manungsa? Apa ya ?” kaya kuwe batine Man Kasan.
Tuturan ing nginggil kalebet lokusi lan ilokusi. Kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon bilih Man Kasan menika ngudharasa wonten salebeting batin. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika awujud pitakenan ingkang mbetahaken wangsulan saking mitra tutur.
Watuke terus ngikil, tambah wengi tambah seru. Nganti Yu Sinah kebudegan, akhire tangi lan jagong njejeri Man Kasan. (4)
Tuturan angka 4) ing nginggil kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon bilih Yu Sinah garwanipun Man Kasan lenggah njejeri Man Kasan.
“Wis kang, urip ora kudu dipikir, tapi kudu gumregah, mampune awake dewek kiye apa?”  (5)
Tuturan angka 5) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon bilih Yu Sinah menika ngendika kalihan Man Kasan. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika awujud pitakenan ingkang mbetahaken wangsulan saking mitra tutur. Kalebet perlokusi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Ya, apa? Wong wis tak lakoni dadi tambal ban, wis mayang nganti tekan Laut Yuwono, ya maksa bae aku ora mampu nafkahi sampeyan.“ (6)
Tuturan angka 6) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika namung paring informasi bilih Man Kasan sampun nyambut damel kanthi tenanan ananging gesangipun taksih rekaos. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika awujud ngudharasa saking Man Kasan ingkang mbetahaken wangsulan saking mitra tutur. Kalebet perlokusi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Coba tak nang Malaysia, ya kang?” kaya kuwe panjaluke Yu Minah. (7)
Tuturan angka 7) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika nuduhaken bilih Yu Sinah gadhah kekajengan badhe tindhak kerja dhateng Malaysia. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika awujud pitakenan utawi panyuwunan ijin dhumateng Man Kasan babagan kekajenganipun Yu Sinah kerja wonten ing Malaysia. Kalebet perlokusi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Aku emoh, Nah! Sarekasane urip nang negarane dewek, kiye luwih apik timbang urip seneng nang negara liya,”. Man Kasan ngomong karo matane mendelik, nyawang bojone sing esih katon nom, kulite putih resik tur awake katon sintal. Man Kasan banget tresnane karo bojone, mulane ora gelem ditinggal nang Malaysia. (8)
Tuturan angka 8) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika namung paring informasi bilih Man Kasan boten paring restu Yu Sinah kerja wonten ing Malaysia. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika betahaken wangsulan saking mitra tutur. Kalebet perlokusi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Lha primen, kang! Aku ora tega nyawang sampeyan adus kringet makani Udin, Sofyan karo Sulis. (9)
Tuturan angka 9) ing nginggil kalebet lokusi lan ilokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika namung paring informasi bilih kekajenganipun Yu Sinah kerja dhateng Malaysia amargi boten tega kalihan Man Kasan ingkang sampun kerja banting tulang ananging asilipun namung pas-pasan. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika mbetahaken wangsulan saking mitra tutur.
Langit langit omahe sing wis kusam warnane, saiki tambah anget kena genine manungsa sing bebrayan lagi pada tukaran, eyel-eyelen, pada ora gelem ngalahe. (10)
Tuturan angka 10) ing nginggil kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon dhumateng pamaos (narator).
“Wis kaya kiye bae, Nah. Yen kowen keder, ya umah kiye tak dol, primen?” panjaluke Man Kasan. (11)
Tuturan angka 11) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amrgi namung informasi babagan jalan tengah ingkang badhe dipunpundhut supados Yu Sinah boten kerja wonten Malaysia ananging gesang Man Kasan sakulawarga saged kacekapan. Kalebet ilokusi amargi usulan saking Man Kasan menika betahaken pasetujunannipun saking mitra tutur inggih menika Yu Sinah. Kalebet perlokusi amargi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Aku ora setujuuu, kang. Omah kiye di dol, eben kanggo masa depane anak-anake dewek “ (12)
Tuturan angka 12) ing nginggil kalebet lokusi, ilokusi lan perlokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika namung paring informasi bilih Yu Sinah boten setuju kalihan usulipun Man Kasan. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika betahaken wangsulan saking mitra tutur bilih Yu Sinah boten setuju usulipun Man Kasan. Kalebet perlokusi amargi tuturan menika wonten efekipun tumrap mitra tutur inggih menika efekipun awujud wangsulan wonten ing tuturan ngandhapipun.
“Ya wis, yen kowe mikir masa depane bocah, ya ora susah ning Malaysia. Awake dewek duwe omah tingalane wong tuwa pinggir dalan, bisa kanggo warung sega apa sauto. Kenangapa kudu nang Malaysia? (13)
Tuturan angka 13) ing nginggil kalebet lokusi lan ilokusi. Kalebet lokusi amargi tuturan menika namung paring informasi utawi andharan jalan tengah saking perkawis ingkang saweg dipunributaken pasutri Man Kasan kalihan Yu Sinah. Kalebet ilokusi amargi tuturan menika betahaken wangsulan saking mitra tutur babagan jalan tengah ingkang dipuntawaraken Man Kasan.
Wengi wis rada adem hawane, bojone saiki wis ora ngeyel maning. Man Kasan ya wis lega atine. Mbuh apa sing dilakone pasutri kuwe, sing jelas mereka berdua tidak mau melewai malam ini begitu saja. Esuk esih ana dina, esih ana penguripan maning. Wong loro anane mung pasrah. (14)
Tuturan ingkang angka 14) kalebet lokusi amargi namung paring informasi kemawon dhumateng pamaos bilih pasutri menika sampun boten padu ingkang awujud narasi (narator).
8:53 PM
thumbnail

Facebook Jawa

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, August 8, 2012

facebook.com

Bahasa merupakan satu wujud yang tidak dapat dipisahkan dari kehidupan manusia. Bahasa adalah sistem lambang bunyi yang arbitrer yang digunakan oleh suatu masyarakat untuk bekerjasama, berinteraksi, dan mengidentifikasi diri Harimukti Kridalaksana ( 1984:19 ). Sejalan dengan pemikiran Abdul Chaer dan Leonie Agustina (2004:11) ciri-ciri yang merupakan hakikat bahasa antara lain, bahwa bahasa itu sebuah sistem lambang, berupa bunyi, bersifat arbitrer, produktif, dinamis, beragam, dan manusiawi.

Manusia sangat membutuhkan bahasa sebagai alat untuk menyampaikan pikiran dan ide-idenya dengan maksud ingin mengutarakannya kepada pihak lain. Bahasa merupakan ungkapan pengalaman batin seseorang yang berfungsi mewujudkan ide yang ada di dalam pikiran manusia. Indonesia memiliki ragam bahasa yang beraneka di antaranya bahasa Indonesia, bahasa daerah, dan bahasa Inggris. Penggunaan bahasa yang beraneka ragam ini membuat masyarakat Indonesia sering mengalih kodekan dan mencampur adukan berbagai bahasa tersebut. Pengalih kode dan pencampur adukan bahasa ini misalnya terjadi di forum jejaring sosial seperti Facebook. Facebook merupakan sebuah forum jejaring sosial dengan pengguna terbanyak di dunia termasuk juga di Indonesia, penggunanya berasal dari manapun, dengan latar belakang masing-masing, juga dengan penggunaan bahasa masing-masing. Hal inilah yang menyebabkan berbagai bahasa berbaur disini dan yang sering menimbulkan pengalih kode dan pencampuran kode.

Pengalih kode dan pencampuran kode ini juga terjadi pada facebook mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah Universitas Negeri Yogyakarta. Pengalih kode dan pencampuran kode ini biasanya terjadi antara bahasa ibu bahasa Jawa dengan bahasa Indonesia atau juga bahasa Inggris yang diajarkan di pendidikan Indonesia.

Berdasarkan uraian di atas, peneliti tertarik untuk menganalisis “ALIH KODE DAN CAMPUR KODE PADA FACEBOOK MAHASISWA PENDIDIKAN BAHASA JAWA UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA”.
8:43 AM
thumbnail

REPRESENTASI WANITA JAWA DI PERANTAUAN

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, May 2, 2012


Representasi biasanya dipahami sebagai gambaran sesuatu yang akurat. Representasi wanita jawa di perantauan yang akan dikaji dalam novel Nona Sekrataris ini yang merupakan bentuk kajian sosiologi sastra yang dipilih. Hasil analisis akan dikaji kembali mencakup konteks sosial pengarang, sastra sebagai cermin masyarakat, dan fungsi sosial sastra.
Novel “Nona Sekretaris” ditulis oleh Suparto Brata. Beliau pernah hidup berpindah-pindah dengan salah satunya pernah hidup di Sragen Jawa Tengah. Pada saat menetap di Sragen inilah mungkin Suparto menemukan ide atau terilhami menulis cerita Sirtu ini, karena di daerah Sragen dan Jawa Tengah umumnya memang seseorang merantau ke ibukota merupakan hal biasa, bahkan seakan menjadi budaya. Nama Suparto Brata sudah jadi trademark atau jaminan mutu. Artinya meskipun ini hanya cerita rekaan atau crita fiksi tidak digarap serampangan. Misalnya akan menceritakan tentang bepergian pada suatu tempat, bagaimana caranya pada waktu itu, harus lewat mana, naik kendaraan apa, semua diceritakan secara komplit. Begitu pula mengenai suatu profesi, apa itu sekretaris, direktur, penari, koreografer atau bisa juga bagian pemasaran atau mengiklankannya, semua diceritakan dengan profesional, sehingga profesi-profesi yang dilakukan para peraganya tidak hanya terkesan seperti “tempelan” atau figuran.
Dalam novel Nona Sekretaris yang menjadi konteks sosial adalah wanita Jawa di perantauan. Dalam teks diceritakan bagaimana konflik tokoh Sirtu yang asli wanita Jawa dalam mengarungi hidup di tengah masyarakat metropolitan ibukota yang sangat beragam latar belakangnya.
6:46 AM
thumbnail

MENCIPTAKAN BUDAYA BELAJAR UNTUK MEMBENTUK KARAKTER ANAK

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Tuesday, December 6, 2011

Menika makalah sederhana mata kuliah sosioantropologi pendidikan, irah-irahanipun
Menciptakan Budaya Belajar untuk Membentuk Karakter Anak. Sumangga saged dipun-unduh gratis!
http://www.ziddu.com/download/17697376/sosio.docx.html

matur nuwun
6:04 AM
thumbnail

Makalah Manajemen Tenaga Pendidik

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Monday, May 16, 2011

Berikut merupakan makalah Manajemen Tenaga Pendidik, yang merupakan mata kuliah umum pada semester 4 :Makalah Manajemen Tenaga Pendidik.pdf
8:46 AM
thumbnail

makalah mata kuliah bahasa Indonesia

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Thursday, January 13, 2011

langsung download saja : makalah mata kuliah bahasa Indonesia
11:26 PM
thumbnail

makalah

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Sunday, December 5, 2010

download makalah dibawah ini free : makalah tentang sebuah masalah yang ada di Indonesia
11:14 AM