Kamis, 17 Mei 2012

(Cerkak) Pangupa Jiwa


“Pak, Pak, Pak, terus mawon, kula boten sios mandhap ngriki,” kanthi deg-degan aku kandha marang pak sopir angkot.
***
Seminggu maneh sekolahku arep nganakake study tour wajib menyang Jakarta-Bandung. Kabeh siswa sing melu wajib mbayar 350 ewu. Kanggo kanca-kancaku sing wong tuwane duwe duit, piknik iki perkara sing gampang. Ananging kanggo aku sing wis ora duwe bapak, lan ibuku amung dodolan janganan ana pasar, dhuwit semono rasane pancen abot banget. Yen mung ngejibke ibu, aku ora tega, amerga aku duwe adhi loro sing sekolah SD lan butuh bea kang akeh. Saengga aku duwe inisiatif, wiwit telung sasi kepungkur aku melu tanggaku ngamen ana ing prapatan bangjo. Nanging sanajan ngamen, aku tetep sregep mlebu sekolah.
Saiki aku kelas 2 SMP. Depdiknas wis nggalakke yen sekolah tekan SMP iku gratis, ora mbayar. Aku ngonjuk sokur babagan kuwi. Nanging gratise sekolah ora bisa gratis tenan. Kaya aku iki sing lagi mumet mikir dhuwit kanggo studi tour. Sing ngaboti maneh, studi tour iku ukume wajib. Jenenge pancen studi tour, ananging yen ngerti papane wisata ngendi-ngendi wae, cocoge diarani piknik. Lha wong mung kaya dolan. Sinaune mung rong jam ana museum ing Bandung, liyane mung seneng-seneng.
Alhmadulillah, seket ewu maneh aku wis bisa nglunasi mbayar piknik. Nanging telate mbayar telung dina maneh. Aku samar ora bisa nglunasi, “Hadhuh, telung dina maneh, piye ya iki?” pitakonku marang awakku dhewe.
Sawise mikir rada suwe, aku duwe tekad, sesuk bubar ulangan Basa Jawa jam 7, aku kudu ngamen, ora sekolah nganti rampung.
*********
“Wekdalipun telas, sumangga dipun-kempalaken sedaya!” ngendikane ibu guru Basa Jawa ngengetake yen wektu kanggo nggarap soal ulangan wis entek.
Sawise guru metu saka kelas, aku gage tata-tata. Nanging ora kaya biyasane, atiku deg-degan ora karuan, rasane ora kepenak. Aku ora ngerti apa jalarane, apa merga aku arep mbolos wedi konangan, apa merga aku wedi biji ulangan Basa Jawa-ku elek, apa merga apa, aku ora ngerti.
Kanthi ati kang garuh, aku metu saka kelas. Wis takniati dina iki aku bakal mbolos sekolah, lan golek duit kanthi ngamen, kaya sing wis taklakoni telung sasi iki kanggo mbayar studi tour. Durung tekan lawang anggonku laku, Hasbi takon marang aku, “Tot, kowe arep nyang ndi? Jare dina iki kowe arep ngajari aku Trigonometri, piye?”.
“Diapura ya, Has. Dina iki aku ana gaweyan sing ora isa taktinggal. Muga-muga sesuk aku sela kanggo sinau bareng.” walesku kanthi gugup wedi konangan.
“Halah... Gaweyan apa ta jan-jane??” Hasbi katon rada nesu.
Ora kok, mung... Emm... Aku mulih disik!!” aku langsung mlayu tumuju gerbang sekolah, kanthi ngindhik-ngindhik supaya ora konangan guru lan satpam, jan rasane deg-degan banget. Deg-degan wedi konangan mbolos, uga deg-degan sing ora takngerteni, rasane beda. Sawise metu, aku langsung numpak pit onthelku tumuju prapatan biasane aku ngamen. Yen numpak pit, udakara 45 menit lagi tekan prapatan kuwi. Durung oleh setengah jam, ban pitku bocor. “Haduh, piye iki, malah kebanan, bakal metu duit iki,” sambatku kanthi pikiran buneg.
“Ndadak kebanan barang, nambah-nambahi ora kepenak tenan.
Beja ora adoh saka kono, ana tukang tambal ban, langsung wae pitku tak gawa mrana. Jebul lagi rame, tukange lagi nggarap  montor loro sing kebanan uga. “Nek kaya ngene suwe iki,” omongku dhewe sajroning ati. Sinambi nunggu ban pitku ditambal, aku nonton tipi ana njero omahe tukang tambal ban sing wis dicawisake kanggo para pawongan sing nambalke ban. Tipine mung bisa ditonton, swarane amung lamat-lamat, ora cetha krana akeh montor-montor kang liwat. Gambar ing tipi kuwi nudhuhke yen ana rame-rame ana ing salah sawijining papan sing kaya-kayane aku nate ngerti. “Waduh ana apa ya kae neng tipi, ketoke rame banget,” omongku.
Tukang tambal ban sing krungu omonganku sumaur, “Biyasa mas, neng Indonesia ana rame-rame kaya ngono, ora sah gumun, pejabate wae isih seneng rame kok,” Aku mung meneng.
Nonton rame-rame ana tipi mau sing kayane aku kenal panggone, dadi saya ora kepenak atiku, apa maneh ana polisine barang. “Pak, taksih dangu?” takonku menyang bapak tukang tambal ban.
“Tak ngrampungke rong montor iki dhisik, lagi takgarap pite sampeyan. Yen sampeyan kesusu ya wis ditinggal wae, mengko sore dijupuk,” ngendikane bapake tukang tambal ban.
“Nggih sampun, pak, kula titip nggih, mangke sonten kula pendhet,” Aku banjur lunga nyegat bis, amarga isih limang kilonan prapatan sing arep takparani iku. Sajrone bis rasaku tetep was-was sabubare nonton warta mau. Gambar-gambar ing tipi mau jan ora manglingi tenan, nanging aku ora kelingan kuwi ngendi. Atiku ora kepenak ditambah pikiran kudu nglunasi bayar piknik, gawe aku ora bisa ngelingi ontran-ontran ana tipi mau ana ngendi.
Kurang sekilonan tekan prapatan sing biyasane tak nggo ngamen, malah dalane tan saya macet. Ora kaya biyasane, montor-montor  padha alon kabeh. Jan macet pol.

Dhuh, ana apa ta jan-jane ki? Ra ngerti ana wong kesusu apa ya?” kandhaku nesu.
“Sabar dhik, sampeyan mudhun prapatan ngarep kana ta?” bapak sopir mangsuli grundelanku, ngayem-ayemi aku.
“Nggih, pak, kula saweg kesesa sanget niki,” aku isih nggrundel.
Iya dhik, iki isih isa mlaku sithik-sithik kok,” bapak sopir mangsuli maneh.
Wayah kuwi bise sepi, penumpange mung aku karo ana ibu-ibu nggawa blanjan akeh lenggah mburi dhewe, dadi ora ana sing bisa tak takoni ana apa dalane macet kaya mangkene ora kaya biyasane.
Kanthi alon bis sing taktumpangi mlaku, prapatan tansaya katon. Aku kaget, jebul ontran-ontran ana ing tipi mau panggone ya ana ing prapatan iku, sing biyasane taknggo ngamen, golek dhuwit kanggo mbayar studi tour. Saka njeron bis, aku weruh ana aparat  ngrusak warung-warung cilik ing pinggir dalan, kanthi ngangkuti barang-barang dagangane, kanca-kancaku sing biyasane ngamen bareng uga diangkuti menyang truk polisi.
Aku sing ora ngerti apa-apa saya bingung lan mumet. “Ana apa kok rame-rame ki?” takonku sajroning ati sing saiki ditambah wedi lan samar marang kanca-kancaku.
“Owalah, ana penertiban ta, rumangsaku yen ana tabrakan ” ngendikane sopir bis banjur takon aku mudhun ngendi.
“Pak, terus mawon, kula boten sios mandhap ngriki, rame sanget, pak.kanthi deg-degan aku kandha marang pak sopir bis.
Ana njero bis, aku nglamun. Pikiranku wis tekan ngendi-ngendi, piye carane aku mbayar piknik, piye nasibe kanca-kancaku ngamen. Byuh... guruh dhadha tekaning pikir. Sanalika aku kelingan ngendikane para pejabat-pejabat kae, yen ing Undhang-undhang Dhasar, wong-wong kaya aku lan kanca-kancaku dilindungi dan dipelihara” negara, nanging kok malah kaya ngene?” Gunemku sajroning ati. Yuuhhh...
***



Tidak ada komentar:

Poskan Komentar