“Pak, Pak, Pak, terus
mawon, kula boten sios mandhap ngriki,”
kanthi deg-degan aku kandha marang pak sopir angkot.
***
Seminggu
maneh sekolahku arep nganakake study tour wajib menyang Jakarta-Bandung. Kabeh siswa sing melu wajib mbayar 350 ewu.
Kanggo kanca-kancaku sing wong tuwane duwe duit, piknik iki perkara sing
gampang. Ananging kanggo
aku sing wis ora duwe bapak,
lan ibuku amung dodolan
janganan ana pasar, dhuwit semono rasane pancen abot banget. Yen mung ngejibke ibu, aku ora tega, amerga aku duwe adhi loro sing sekolah SD lan butuh bea
kang akeh. Saengga aku duwe inisiatif, wiwit
telung sasi kepungkur aku
melu tanggaku ngamen ana ing prapatan
bangjo. Nanging sanajan ngamen, aku tetep sregep mlebu sekolah.
Saiki aku kelas 2 SMP. Depdiknas
wis nggalakke yen sekolah tekan SMP iku gratis, ora mbayar. Aku ngonjuk sokur babagan kuwi. Nanging gratise sekolah
ora bisa gratis tenan.
Kaya aku iki sing lagi mumet mikir dhuwit kanggo studi tour.
Sing ngaboti maneh, studi
tour iku ukume wajib. Jenenge pancen studi
tour, ananging yen ngerti papane wisata ngendi-ngendi wae, cocoge diarani
piknik. Lha wong mung kaya dolan. Sinaune mung rong jam ana
museum ing Bandung, liyane mung seneng-seneng.
Alhmadulillah, seket ewu maneh aku wis bisa nglunasi mbayar piknik. Nanging telate mbayar telung dina maneh. Aku samar ora bisa nglunasi, “Hadhuh, telung dina maneh, piye ya iki?” pitakonku marang awakku dhewe.
Sawise mikir rada suwe,
aku duwe tekad, sesuk bubar ulangan
Basa Jawa jam 7, aku kudu ngamen, ora sekolah nganti rampung.
*********
“Wekdalipun telas,
sumangga dipun-kempalaken sedaya!” ngendikane ibu guru Basa Jawa ngengetake yen wektu kanggo nggarap soal ulangan wis entek.
Sawise guru metu saka
kelas, aku gage tata-tata.
Nanging
ora kaya biyasane, atiku deg-degan ora karuan, rasane ora kepenak. Aku ora ngerti apa jalarane, apa merga aku arep mbolos wedi konangan, apa merga aku wedi
biji ulangan Basa Jawa-ku
elek, apa merga apa,
aku ora ngerti.
Kanthi ati kang garuh, aku metu saka kelas. Wis takniati dina iki aku bakal mbolos sekolah, lan
golek duit kanthi ngamen, kaya sing wis taklakoni telung sasi iki kanggo mbayar
studi tour.
Durung tekan lawang anggonku laku, Hasbi takon marang aku,
“Tot,
kowe arep nyang ndi? Jare dina iki kowe arep ngajari aku
Trigonometri, piye?”.
“Diapura ya, Has. Dina iki aku ana gaweyan sing ora isa taktinggal.
Muga-muga sesuk aku sela kanggo sinau bareng.” walesku kanthi
gugup wedi konangan.
“Halah... Gaweyan apa ta jan-jane??”
Hasbi katon rada
nesu.
“Ora kok, mung... Emm... Aku mulih disik!!” aku langsung mlayu tumuju gerbang sekolah, kanthi ngindhik-ngindhik
supaya ora konangan guru lan satpam, jan rasane deg-degan banget. Deg-degan wedi
konangan mbolos, uga deg-degan sing ora takngerteni, rasane beda.
Sawise metu, aku langsung numpak pit
onthelku tumuju prapatan biasane aku ngamen. Yen numpak pit, udakara 45 menit lagi tekan prapatan
kuwi. Durung
oleh setengah jam, ban pitku bocor. “Haduh, piye iki, malah
kebanan, bakal metu
duit iki,” sambatku
kanthi pikiran buneg.
“Ndadak kebanan barang,
nambah-nambahi
ora
kepenak tenan.”
Beja
ora adoh saka kono,
ana tukang tambal ban, langsung wae pitku tak gawa mrana. Jebul lagi rame, tukange lagi nggarap
montor
loro sing kebanan uga. “Nek kaya ngene
suwe iki,” omongku dhewe sajroning ati. Sinambi nunggu ban pitku ditambal, aku
nonton tipi ana njero omahe
tukang tambal ban sing wis
dicawisake kanggo para pawongan sing nambalke ban.
Tipine mung bisa ditonton, swarane amung
lamat-lamat, ora cetha krana akeh montor-montor kang liwat.
Gambar ing tipi kuwi nudhuhke
yen ana rame-rame ana ing salah sawijining
papan sing kaya-kayane aku nate ngerti. “Waduh ana apa
ya kae neng
tipi, ketoke rame banget,” omongku.
Tukang tambal ban sing
krungu omonganku sumaur,
“Biyasa mas, neng
Indonesia ana rame-rame kaya ngono,
ora sah gumun, pejabate wae isih
seneng rame kok,” Aku mung meneng.
Nonton rame-rame ana
tipi mau sing kayane aku kenal
panggone,
dadi saya ora kepenak atiku, apa maneh ana polisine barang.
“Pak, taksih dangu?” takonku menyang bapak tukang tambal ban.
“Tak ngrampungke rong montor iki dhisik, lagi takgarap pite sampeyan. Yen
sampeyan kesusu ya wis ditinggal wae, mengko sore dijupuk,” ngendikane bapake
tukang tambal ban.
“Nggih sampun, pak,
kula titip nggih, mangke sonten kula pendhet,” Aku banjur lunga nyegat bis, amarga isih limang kilonan prapatan sing arep
takparani iku. Sajrone bis
rasaku tetep was-was sabubare nonton warta mau. Gambar-gambar ing tipi mau jan ora manglingi tenan,
nanging aku ora kelingan kuwi
ngendi. Atiku ora
kepenak ditambah pikiran
kudu
nglunasi bayar piknik,
gawe aku ora bisa ngelingi
ontran-ontran ana tipi mau ana ngendi.
Kurang sekilonan tekan
prapatan sing biyasane
tak nggo ngamen, malah dalane tan saya macet. Ora kaya biyasane, montor-montor padha
alon kabeh. Jan macet pol.
“Dhuh, ana apa ta jan-jane ki? Ra ngerti ana wong
kesusu apa ya?” kandhaku
nesu.
“Sabar dhik, sampeyan mudhun prapatan ngarep kana ta?” bapak sopir mangsuli grundelanku, ngayem-ayemi aku.
“Nggih, pak, kula saweg
kesesa sanget niki,” aku isih
nggrundel.
“Iya dhik, iki isih isa mlaku sithik-sithik kok,” bapak sopir mangsuli maneh.
Wayah kuwi bise
sepi, penumpange mung aku
karo ana ibu-ibu nggawa blanjan akeh lenggah mburi dhewe,
dadi ora ana sing bisa tak takoni ana apa dalane macet kaya mangkene ora kaya
biyasane.
Kanthi alon bis sing taktumpangi mlaku,
prapatan tansaya katon.
Aku kaget, jebul ontran-ontran
ana ing tipi mau panggone ya ana ing prapatan iku, sing biyasane taknggo
ngamen, golek dhuwit kanggo mbayar studi
tour. Saka njeron bis, aku weruh ana aparat ngrusak warung-warung cilik ing pinggir dalan, kanthi ngangkuti
barang-barang dagangane, kanca-kancaku sing biyasane ngamen bareng uga diangkuti menyang
truk polisi.
Aku sing ora ngerti
apa-apa saya bingung lan mumet.
“Ana apa kok rame-rame
ki?” takonku sajroning ati sing saiki ditambah wedi lan samar marang kanca-kancaku.
“Owalah, ana penertiban
ta, rumangsaku yen ana tabrakan ”
ngendikane sopir
bis banjur takon aku mudhun ngendi.
“Pak, terus mawon, kula
boten sios mandhap ngriki, rame sanget, pak.” kanthi deg-degan aku kandha marang pak sopir bis.
Ana njero bis, aku nglamun. Pikiranku wis tekan ngendi-ngendi, piye carane
aku mbayar piknik, piye nasibe kanca-kancaku ngamen. Byuh... guruh dhadha
tekaning pikir. Sanalika aku kelingan ngendikane para pejabat-pejabat kae, yen
ing Undhang-undhang Dhasar, wong-wong kaya aku lan
kanca-kancaku “dilindungi
dan dipelihara” negara, nanging kok
malah kaya ngene?” Gunemku sajroning
ati. Yuuhhh...
***
0 komentar:
Post a Comment