Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun
para pepundhen, para pinisepuh, miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan, para
pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para
kawula dasih ingkang minulya, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang
sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan, ingkang satuhu bagya mulya, para
alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning
Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, para
tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes
lamunta sinudarsana.
Sumangga kula tansah nderekaken memuji sukur dhumatheng Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun kepareng ngrentahaken kabagjan, kamulyan, wah maih kawilujengan saengga kula lan pan jenengan saged kempal manunggal wonten sasana sakawit kanthi boten kirang satunggaling menapa.
Para rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan,
Panjenengan
sampun lenggah sawetawis, keparenga kula minangka pranata adicara mbabar
menggah gatining titi laksana. Dene runtut reroncening adicara ingkang sampun
rinacik nun inggih: