-->
Iklan
thumbnail

Bal-Balan Ing Sekolah

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Friday, September 14, 2012

Animasi Bal-Balan Ning Sekolah
Wis dadi kebiasaan e bocah-bocah teng tlatah mriki yen saben istirahat sekolah mesti do main bal-balan. Bocah-bocah ingkang dolanan bal-balan saking kelas 4 sampe kelas 6 kabeh melu bal-balan. Sakderengipun bal-balan dipun padosi Pak Guru sampung ngelingaken menawa bal-balan kudu tetep eling kalihan kahanan sekitar. Ojo ngasi bal-balan kang kudune nggawe seneng malah dadi ciloko goro-goro ketabrak mobil nopo motor.

Mimin. Maman, Momon bal-balan teng lapangan sekolah. Nanging Maman nendang bal saking kuate ngasi bal e ngoyak motore Pak Guru. Gandeng motore Pak Guru dawah lan rusak, Maman dipun ukum Pak Guru ngadek ing lapangan. 

7:46 AM
thumbnail

Parikan

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Monday, September 10, 2012


pixabay.com
Parikan inggih menika unen – unen ingkang kadadosan saking kalih ukara. Ukara ingkang sepisan dipunginakaken kangge narik kawigaten dene ukara ingkang kapindho inggih menika isiTitikanipun parikan inggih menika:
  1. Kadadosan saking 2 gatra, gatra 1 inggih menika purwaka, gatra 2 inggih menika isi.
  2. Migunakaken dhapukan guru swara
  3. Guru wilanganipun kedah sami antawisipun purwaka kalihan isi.
Wujudipun parikan saking cacahipun wanda dipunperang dados 3, inggih menika :
a.       Parikan ingkang kadadosan saking 4 wanda + 4 wanda
Tuladha : Wajik Kletik, gula jawa          àpurwaka
Luwih becik, sing prasaja      àisi
b.      Parikan ingkang kadadosan saking 4 wanda + 8 wanda
Tuladha :  Kembang kencur, tinandur tipining sumur             àpurwaka
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur                àisi

c.       Parikan ingkang kadadosan saking 8 wanda + 8 wanda
Tuladha :   Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula       àpurwaka
Piwelingku mring pra mudha, aja wedhi ing rekasa         àisi
d.      Parikan bebas
Tuladha : suwe ora jamu, jamu godhong tela                          à purwaka
    suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela            à isi
urut-urutaning damel parikan:

a. Damel ukara inti (isi)
b. Damel purwaka (sampiran), guru swaranipun dipuntrepaken kalih guru swara wonten ukara inti
c. Ukara purwaka lajeng dipungabung kalihan ukara inti
11:28 AM