Sabtu, 18 Februari 2012

Panyandra Tarub

Apa ta kang minangka pambukaing kandha. Purwakaning carita, hanenggah wiwaraning wacana kang sinebat tarub? Lamun kinerata basa, tinata lamun kawuryan, rinengga-rengga amrih edi lamun peni. Tembung tarub kapurwakan nalika ki Ageng Tarub mantu si Jaka Tarubsaking padhusunan tarub.
Ki Ageng Tarub Hanyaraya nyuwun pun age bebana dhumateng ingkang raka kanjeng sunan Kalijaga yasa eden-eden wong penting wiwaraning wisma.
Rinajang roning kalapa rinajut kang sinebat bleketepe dadya pratandha panuwun ing pangarsing Gusti muga karaning sambikala binawang hamung rahayu widodo kang tansah kinadya.
Janur kuning rinajut miwah tetuaning kang angrenggani ing tarub. Suket alang-alang, godhong kapa-kapa, godhong awar-awar, godhong maja, godhong kemuning, miwah sekaripun, godhong waringin miwah godhong kaluwih, ingkang satuhu ngemu pralampita sinandi.
Pisang sanggan sasuluhan rinengga tebu wulung kang kawuryan santosa kang winastan tebu Harjuna. Wohing pari datan keri, cengkir gadhing kusumanding. Suket alang-alang kinarya pralampita muga-muga anggone duwe gawe ora ana alangan apa-apa, Marma ugi godhong kapa-kapa.
 Suket alang-alang godhong kapa-kapa muga anggone darbe karsa ora ana alangan apa-apa. Godhong awar-awar saneskaraning sambikala wis binawar. Godhong waringin kinarya pratandha gegayuhan muga calon penganten bisa hanggayuh kamulyaning gesang.
 Ron kaluwih pinaringan drajat pangkat semat ingkang linuwih. Godhong kemuning miwah sekaripun ingkang amrih gandarnya kanthi pepuja muga calon pinanganten ing tembe kuncara asmane. Hanggambar arum bisa dadi tepa palupining brayat mudhun.
Pisang sanggan sasuluhan pinilih pisang raja ingkang mawoh ing memanis datan gampil lungsing kinarya pralampita mugya hanggenya dhaup palakrama gesang manggih ing katentreman miwah Sri
Hatmaja calon pinanganten. Sageta lestari temekeng wuri kadya pisang raja kang darbe sesandhi. Berbudi bawa laksana wataking raja. Berbudi tegesing hanggeganjar saben dina dene kang bawa laksana hanetepi ing pangandika.
Cengkir gadhing wus sumandhing linambaran kanthi kencenging pikir para wohan kang arsa bebesan. Dene calon pinanganten sampun mantep ing manah marma sinangga ing tebu wulung kang kawuryan santosa, tebu anteping kalbu muga sentosa anggenira dhaup palakrama mbangun kulawarga tumekeng wuri atut runtut rerentengan hamintuna.
Golong giling saeka praya ing sedya. Saeka ing pakarti jumbyuh gambyuh kang samya ginayuh apa kang bakal dadya kang kaesthi bakal dumadi

2 komentar: