-->
Iklan

Pranatacara Paningset

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, February 29, 2012



Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang minulya, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan, ingkang satuhu bagya mulya, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana. 
Sumangga kula tansah nderekaken memuji sukur dhumatheng Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun kepareng ngrentahaken kabagjan, kamulyan, wah maih kawilujengan saengga kula lan pan jenengan saged kempal manunggal wonten sasana sakawit kanthi boten kirang satunggaling menapa.
Para rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan,
Panjenengan sampun lenggah sawetawis, keparenga kula minangka pranata adicara mbabar menggah gatining titi laksana. Dene runtut reroncening adicara ingkang sampun rinacik nun inggih:

Sepisan: Pambuka. Saparipurnanipun pambuka, ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih atur pambagyaharja. Titilaksana ingkang kaping tiga, pasrah paningset. Salajengipun adicara ingkang nomor sekawan, inggih panampi paningset. Saha adicara pungkasan, adicara ingkang angka gangsal, panutup.
Mekaten menggah reroncening titi laksana ing wanci menika. Sumangga tumapak gatining laksana ingkang sepisan nun inggih pambuka. Minangka pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken manengku puja ndedonga mring ngarsaning Pangeran, mrih tumapaking adicara wiwit purwa, madya, wusana lumampah kanthi rancag nir wikara nir ing sambekala. Kanthi patrap ingkang sampurna ndedonga sumangga kula dherekaken. ….
Matur nuwun. Mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa angijabahi sedyanipun ingkang arsa bebesanan. Amin. Tumuli ngancik adicara ingkang kaping kalih. Sampun sawetawis panjenengan lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati badhe ngaturaken pambagyaharja. Atur pambagyaharja lumantar panjenenganipun Ibu…………….. Dhumateng Ibu …………….., sumangga.
Mekaten kalawau menggah atur pambagyaharja dening Ibu ……………... Ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ibu ………………. ingkang sampun sumulih sarira Bapak-Ibu ………. Adicara ingkang angka tiga inggih pasrah paningset. Pramila dhumateng Ibu ……………… minangka tetungguling lampah kepareng jengkar saking palenggahan, tumuju papan sasana pandayawara. Sumangga.
Matur nuwun dhumateng Ibu ………….. ingkang sampun paring atur pasrah paningset. Tumuli Bapak-Ibu ………………. badhe ngaturaken tanggap wacana, tumanggaping mring pangandikanipun Ibu ……………... Dene ingkang sumulih sarira sinambeting raga inggih Ibu …………………….. Dhumateng Ibu …………………., sumangga.
Sampun paripurna anggenipun Ibu …………. ngaturaken atur panampi paningset. Adicara ingkang salajengipun nun inggih panutup. Mangga adicara menika tinutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. … Kanthi mekaten sampun paripurna adicara menika. Kula minangka pranata adicara lamun wonten kalepatan subasita miwah kithaling basa, kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama.  Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Previous
« Prev Post

Related Posts

7:51 AM

0 komentar:

Post a Comment