-->
Iklan

Nyandra Bleger Pengantin Kakung

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Saturday, February 25, 2012


Dhasar pekik ing warna sinasaban busana adi. Mila tambah gawang-gawang cahyane, kentar katon bergas, tebah jaja atampel wentis. Cahya sumunar kadya hanambahi pekik myang sulistya ing kawibawanipun mancarang jumenengan enggal lamun cinandra pindha risang abagus Fatkhul Amin
Endahing warni tanpa cacat. Candrane rikma ngemak, palarapan nyela cendani, wimba njalirit lir wulan tumanggal, netra blalak blalak lir bawang sabangkul, athi-athi ngudhap turi, talingan njepiping kadya jamur kuping, pangrasane duren sajuring, grana ngrungih, lambene manggis karengat, waja amiji timun, pamidhangane nraju mas, kulit kuning nemu giring kadya mas sinangling, dedeg piadege dhuwur gagah, sempulur hangembang pundhak, drijine tinata runtut kadya sirahe ula cabe.

Previous
« Prev Post

Related Posts

6:48 AM

0 komentar:

Post a Comment