-->
Iklan

ATUR PANGLAMAR

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, February 22, 2012


Assalamualaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan lan kaharjan mugia tansah kaparingaken dumatheng kula tuwin panjenengan sedaya.
Kabagyan, kamulyan, saha kawilujengan Allah ingkang Maha Welas lan Asih mugi tansah kajiwa kasalira dening para lenggah kakung sumawana putri ingkang hanggung amastuti dhumateng pepoyaning kautaman.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Wijaya Utama sekalian saha panjenenganipun ingkang kepareng amakili, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.
Inggih awit saking panguwaosipun Allah saha pikantuk pangestu panjenengan sami, sowan sakulawarga wonten ngarsanipun Bapak Wijaya Utama sekaliyan tansah winantu ing karaharjan, kalis nir sambikala.
Bapak Winarto ingkang dhahat kinurmatan.

Kepareng kula cumanduk cumantaka wonten ngarsanipun panjenegnan, ngaturaken wigatosing sowan kula sakrombongan.
Ingkang angka sepisan, silaturahim dhumateng panjenengan sakulawarga. Dene ingkang angka kalih, sowan kula dipunkantheni salam taklim saking Bapak Suharto Prawirodharmo. mugi katur wonten ngarsanipun Bapak saha Ibu Wijaya Utama.
Ingkang angka tiga, sowan kula kinen nebun-ebun enjang anjejawah sonten, badhe nglamar putra-putri panjenengan ingkang wuragil ingkang sesilih pun NimasAyu Ririt Budya Subekti.
Pramila mbokbilih wonten dhanganing penggalih saha wonten keparengipun, ingkang putra badhe kasuwun, kadhaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak Wijaya Utama sarimbit ingkang peparab pun Bagus Pramudyo Hadiningrat. Pangajabpipun Bapak Wijaya Utama sarimbit, putra kekalih sageda dados lantaran supeketing kekadangan antawis kulawarga kekalih.
Aturipun Bapak saha Ibu Wijaya Utama ingkang pungkasan, mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, namung saged ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami.
Mekaten atur kula minangka sulih salira saking kulawarga Bapak Wijaya Utama sarimbit, mbokbilih wonten galap gasuling atur kula saha patrap ingkang boten nuju prana, kepareng panjenengan paring samudra agunging pangaksami.
Matur nuwun.

Previous
« Prev Post

Related Posts

7:01 PM

0 komentar:

Post a Comment