-->
Iklan
thumbnail

Atur Belasungkawa

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Thursday, March 17, 2011

menika salah satunggaling tuladha atur pambelasungkawa : Atur Belasungkawa
8:50 PM
thumbnail

Pangkas Rikma, Upacara Ngerik, Tanem Rikma

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

PANGKAS RIKMA
Titi laksana salajengipun nun inggih ingkang bapa, nenggih Bapak Susilo arsa
mangkas rikmanipun ingkang putra.
Bapak Susilo : …
Pangkas rikma pinandha mok, tinampi dening ingksng ibu menggih Ibu Susilo. Mugi
risang ahayu saged nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita
ing pangkas rikma nenggih wiwit samenika risang ahayu sawega saha samekta bawa priangga
kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa nenggih
Bagus Hari Saputra.
UPACARA NGERIK


Upacara Ngerik
Mekaten kalawau menggah tumapaking adicara jamas pasiramancalon penganten putri.
Bapak Ibu Susilo saestu ngaturaken agunging panuwun dhumaten para kasepuhan saha
pinisepuh ingkang sampun kepareng paring pangestu kanthi paring siraman dhumateng risang
calon penganten putri. Mugi luhuring budi panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti Kang
Mahayu.
Risang penganten putri tumuli kakanthi ing sasana paniji saperlu nindakaken adicara
salajengipun nun inggih upacara ngerik. Dhumatheng para tamu kepareng wawan
pangandikan, langen suka, sinambi ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun
kaladosaken mring para kadang kaneman, sumangga!
TANEM RIKMA
Kawuryan Bapak-Ibu Susilo sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten pundi
dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka
hananem rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa.
Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika,
Ibu Susilo : …..
Goteking kandha, ujaring bakul sinambi wara, bilih papan ingkang minangka sasana
pananeming rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun palakrama
temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga mandhireng pribadi,
mapan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang garwa.
Pepisahan mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wadaya. Nalika
raos kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani papan ingkang
kanggenanem rikmanipun putra calon penganten, satemah raos kapang saged ical musna,
anane mung rasa suka lan bombong mring uripe putranipun.

8:41 PM
thumbnail

Folklor Jawa

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Monday, March 7, 2011

Berikut merupakan soal-soal beserta jawabannya yang berkaitan dengan folklor Jawa yang berdasarkan peristiwa-peristiwa terbaru. Seperti mengenai letusan gunung merapi, gempa bumi yang mengguncang Jogja, dll : Folklor Jawa.pdf
9:24 PM
thumbnail

Serat Tripama

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, March 2, 2011

berikut merupakan serat tripama yang berintikan ajaran tentang 3 teladan yang baik : Serat Tripama.pdf
9:44 PM
thumbnail

All About Batik

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

mau tahu semua tentang batik? ada batik dari Solo, Yogyakarta, Pekalongan, Cirebon dan lain-lain. ada juga macam-macam motif batik. beserta gambarnya dan keterangannya. Silakan langsung di download saja : Semua tentang Batik.pdf
8:48 PM