-->
Iklan

Dialog Congkokan

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Sunday, November 27, 2011


C : “Kula nuwun, Assalamualaikum,”
T : “Waalaikumsalam, sumangga mlebet, sumangga kula aturi lenggah, kangmas. Ngaturaken sugeng rawuh awit rawuhipun panjenengan,”
C : “Inggih, Kang, matur nuwun,”
T : “Wonten wigatos menapa, Kangmas boten wonten angin, boten wonten udan, saestu njanur gunung Kangmas rawuh wonten ing griya kula?”

C : “Miturut bok bakul sinambi wara, menapa leres Kangmas, manut ujar ingkang kula tampi, menawi panjenengan sarimbit kagungan putri ingkang asesilih Ningrum ingkang sayektos taksih lamban, menapa leres? Menapa sampun kawengku dening tiyang sanes?”
T : “Kasinggihan, Kangmas, ngendikanipun panjenengan menika pancen leres, bilih anak kula Markonah taksih lamban,”
C : “Kasinggihan, Kangmas, menawi saestu putrid ingkang asesilih Markonah taksih lamban dereng kawengku dening priagung sanes, kepareng kula sarta kulawarga Bapak Ibu Wiryanto sarimbit mliginipun anak kula ingkang asesilih Hutomo badhe salar wonten kulawarga panjenengan ing benjing dinten Rabu Wage saprelu nontoni,”
T : “Inggih Kangmas, kula tampi kanthi tinarbukaning manah, bok bilih wonten kacocokan ing kekalihipun, sakmangke saged dipunlajengaken wonten ing pirembagan ing dinten panjenengan sak kulawarga badhe salar wonten griya kula,”
C : “Matur nuwun, Kangmas, kula kinten cekap semanten sowan kula. Kula nyuwun pangapunten saking sedaya klenta-klentunipun anggenipun kula matur,”
T : “Inggih, kangmas, sami-sami, kula ugi ngaturaken pangapunten, bok bilih wonten atur saking kula ingkang boten trapsila wonten ing manahipun Kangmas,”
C : “Kula pamit, Assalamualikum,”
T : “Waalaikumsalam.”

Kata-Kata Sukar :
Salar : aweh weruh
Kasinggihan : mula bener mangkana

Keterangan :
            T : Tuan Rumah
            C : Congkok

Previous
« Prev Post

Related Posts

7:41 AM

0 komentar:

Post a Comment