-->
Iklan

Facebook Basa Jawa

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Friday, July 29, 2011

Panjenengan duwe Facebook? Pasti duwe ya? Jaman saiki, wong dianggep ora gaul yen durung duwe Facebook. Ana sing anyar saka Facebook. Basa sing dinggo ana ing Facebook saiki bisa nganggo Basa Jawa. Uwis padha ngerti apa durung? Yen durung monggo disimak carane kaya ngene : 1. Pisanan mlebu Akun banjur pilih menu Account Setting


2.Banjur pilih menu Language (Bahasa), banjur ning Primary Language digoleki Basa Jawa
Namung kaya mengkana carane, gampang tha? Senajan nganggo Basa Jawa, nanging Basa Jawa sing dinggo durung kabeh 100% Basa Jawa, esih campur-campur karo Basa Inggris. Nanging ora apa-apa, kaya istilah “sedikit-sedikit lama-lama menjadi bukit”, moga-moga selak suwe mengko bisa nganggo Basa Jawa 100%. Ayo ndang sing duwe Facebook padha diganti Basa Jawa, yen dudu awake kula karo panjenengan kabeh, sapa maneh sing arep nganggo?

Previous
« Prev Post

Related Posts

10:06 AM

0 komentar:

Post a Comment