-->
Iklan

Upacara Panggih ( Tampa Kaya, Dhahar Klimah, Ngonjuk Toya Wening)

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Saturday, June 11, 2011


                Risang penganten sarimbit sampun lenggah ing sasana rinengga. Kepareng para tamu lenggah wonten sasana sakawit, matur nuwun awit sampun suka pakurmatan dhumateng panggihing penganten sarimbit. Tumuli badhe katindakaken adicara adat, tampa kaya, wus jumeneng risang abagus ngasta pirantining kacur-kucur, tampa kaya. Kyai Ambar Sejati badhe maringaken kaya dhumateng Nyai Ambar Sejati. Kacang kawak, dhele iwak, wong liya dadia sanak, wong adoh dadia cedhak, ngastiti, ngati-ati, werdi, dadi. Risang abagus wus sumadhiya angupaya sandhang miwah boga kacekapaning kulawarga. Satemah kulawarga datan kacingkrangan, sukur bage pinaringan kasugihan.
                Asiling guna tampa kaya, arsa katitipaken dhumatang ingkang ibu, nun inggih ibu Sri Dewi satunggaling wanodyagung ingkang pinitados mring risang penganten sarimbit kinen rumeksa asiling guna tampa kaya.
                Paripurna sowan ingkang ibu, penganten sarimbit wangsul wonten ing sasana sakawit, arsa nindakaken dhahar klimah. Risang abagus ngepel-ngepel sekul jenar. Kalamun taksih wujud wos, kumepyur, parandene ingolah sarta kinepel dening penganten kakung manunggal dadya sawiji. Pratandhane risang penganten manunggalaken gumolonging tekad denira arsa hamangun brayat. Setunggal baka setunggal, sekul kang kinepel risang abagus kadhahar risang ahayu sarwi lawuh ati antep. Maknanipun bilih penganten sarimbit sampun mantep ing nala anggenira dhaup palakrama arsa mangun bale wisma.
                Ngunjuk toya wening, maknane bilih salwiring kandha sarta solah bawa arsa kapenggalih kanthi weninging nala. Satemah datan damel seriking asanes, tansah karyenak tyasing sasama.  

Previous
« Prev Post

Related Posts

6:09 AM

0 komentar:

Post a Comment