-->
Iklan
thumbnail

Serat Candararini Jilid 2

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Sunday, December 26, 2010

silakan langsung download saja : Serat Candrarini Jilid 2
1:18 PM
thumbnail

Pranatacara Kesripahan

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

langsung download mawon : Pranatacara Kesripahan.pdf
12:22 PM
thumbnail

TUGAS TUTORIAL AGAMA ISLAM

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

12:07 PM
thumbnail

Lagu-Lagu Unik berbahasa Jawa

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Tuesday, December 21, 2010

9:17 PM
thumbnail

Serat Candrarini

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Tuesday, December 14, 2010

samenika Serat Candrarini : Serat Candrarini.pdf
8:28 PM
thumbnail

Motif Batik Jogja

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

Samenika inggih menika motif batik khas Jogja : motif batik jogja.pdf
8:25 PM
thumbnail

JAMAN EDAN AJA MELU-MELU EDAN

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Friday, December 10, 2010

Pujangga agung Raden Ngabehi Rangga Warshita duk rikala samana nate paring pepeling lumantar tembang Sinom kang unine mengkene :
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan ora tahan
Yon tan melu anglakoni
Ora keduman melik
Kaliten wekasanipun
Ndelalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling klawan waspada

Senajan pepeling mau wis tinulis atusan taun kepungkur, nyatane nganti saiki esih tetep jumbuh menawa diterapake kanggo ngadhepi owah gingsire jaman.
Suwatara wektu kepungkur Kutha Tegal geger gara-gara luwih saka 20 nyawa ilang amarga ngombe ciu oplosan. Kadadeyan kaya mengkono iki wis nate wola-wali kito sakseake lewat layar tivi dumadhi ing kutha-kutha liya.
Adoh sadurunge ing Kutha Pati nate kadadeyan ana siswi-siswi SMA kang ngaku geng Nero pamer atosing balung wuleding kulit, main jotos-jotosan kaya preman.
Esih akeh tuladha liya kang nggambarake menawa jaman iki jaman edan. Ing jagad politik luwih edan maneh. Nanging liwat tulisan iki kula mung mbatesi masalah kang ana sambung rapete karo uripe para mudha, utamane para pelajar.

Eling lan Waspada
Tugase pelajar mono mestine ngangsu ing bangku pamulangan. Kadidene pelajar, embuh ing pamulangan endi bae, temyu ana tata krama kang kudu diugemi. Umpamane, kudu nganggo seragam kang rapi, kurmat-kinurmatan karo kanca, ngajeni para guru, lan sapiturute.

Anane tata krama mau mestine kanggo nggulang kepribadiane siswa supaya dadi menungsa kang ora mung pinter nanging uga nduweni kepribadian kang pinuji.
Emane, jaman saiki akeh pengaruh liwat layar tivi kang asring didadekake conto dening para mudha tanpa milah-milihake endi kang pantes ditiru lan endi kang saru. Akibate ya kaya critane genk Nero ing Pati mau.
Kita kudu tansah eling menawa tayangan tivi utamane sinetron-sinetron remaja kae akeh segi negatipe tumrap penonton ketimbang segi positipe.
Coba prisani! Sekolah ngendi kang ngajarake siswane nganggo seragam sakarepe dhewe, klambine ora dilebokna nyang njero clana utawa rok? Sekolah ngendi kang siswane bis adu jotos nang ngarepe guru-guru nanging ora kena ukuman? Aja kok sekolah kang bonafid, sedheng sekolah kang siswane ora genep satus bae mesthi ngetrapake tata tertib sekolah apa mestine.
Sawatara pelajar ana kang gampang anut grubyug, niru-niru ombyaking jaman, supaya diarani modern nanging padha lali menawa sing aran modernitas iku dumugi ana ing pola pikir, dudu ing tindhakan kang njalari cilakane liyan utawa njalari kaduwung. Tawuran iku jelas dudu cirine wong modern. Ngonsumsi narkoba semono uga. Aja gampang melu-melu mung supaya diarani modern.
Jaman iki pancen jaman edan. Nanging kita kudu eling pepeling Rangga Warsita, sebagja-bagjane wong lali kuwi isih tetep luwih begja kang tansah eling lan waspada.
10:21 PM
thumbnail

Mahasiswa Habis dari Tawangmangu

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

berikut merupakan video saat perjalanan turun dari Tawangmangu :Video.3gp
9:21 PM
thumbnail

Tri Mangulah

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

Salah satunggaling paugeran kangge wicantenan utawi gineman ingging menika Tri Mangulah :
1. Muna : menawi badhe gineman mikir rumiyin pundi tembung ingkang trep
2. Muni : tembung ingkang sampun dipun pilih, lajeng dipun damel ukara lajeng dipun wayahaken
3. Makerti : solah bawa ingkang jumbuh kaliyan sinten rikala gineman
9:51 AM
thumbnail

Basa Krama Alus

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

sarana amrih saged basa krama alus miturut Ibu Kuswa Endah minangka dosen Pendidikan Bahasa Jawa UNY :
1. niki, niku, nika dipun gantos ngangge menika
2. ater-ater di- dipun gantos ngangge dipun-
3.panambang -e utawi -ne dipun gantos ngangge -ipun utawi -nipun
4. panambang -e utawi -ke dipun gantos ngangge -aken
5. ukara ajeng ting dipun gantos ngangge badhe dhateng
6. ukara kepripun utawi kepriye dipun gantos ngangge kados pundi
8:28 AM
thumbnail

SERAT WEDHATAMA

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Wednesday, December 8, 2010

berikut merupakan terjemahan serat Wedhatama : Terjemahan Serat Wdhatama.pdf
10:18 AM
thumbnail

morfologi

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on Sunday, December 5, 2010

download tentang morfologi Bahasa Jawa tentang morfologi bahasa Jawa
11:40 AM
thumbnail

mengenal wanita lewat primbon

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

ini dia resensi buku tentang JAWA : resensi buku Primbon
11:25 AM
thumbnail

makalah

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

download makalah dibawah ini free : makalah tentang sebuah masalah yang ada di Indonesia
11:14 AM
thumbnail

Geguritan

Posted by . . .Kuliah Bahasa Jawa. . . on

ngunduh pengertian geguritan lan tuladhanipun : Geguritan Jawa
11:05 AM